Selasa, 30 Maret 2010

Cerita Suroboyoan (GuYoNaN)

------------------------------------------------------Lagu Lupa-Lupa Ingat (Versi Jawa):
Le ayo ayo rame rame kita kumpul tapi gak kebo
Le duduk nyanyi tulo tulo ayo kabeh nyanyi yoo

*
Lali,lali lali lali,lali meneh syaire
Lali,lali lali lali,lali meneh syaire
Eling,eling eling elik,cumak eling kuncine
Eling,aku eling eling,cumak eling kuncine

**
C A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh

Mbalik nang *, **

C A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh

Nah wes teko C kita nang di meneh ki,
wes a kita nang C meneh ae (nang C meneh) ojok pusing-pusing
Tau nih koyoke nang C meneh wae (nang C meneh) ojok meloki

teruso
Berantakan iki seng entok (neng C meneh)
Ey seng bener wesa ganti iki
Nang C meneh neng C meneh (nang C minoor)
------------------------------------------------------
Anakku Wis Isa Maca:
Anakku sekolah neng TK B, bocahe wis pinter maca. Aku sueneng byanget. Sakwijining dina tak ajak blanja neng Giant, anakku njaluk jajan minuman ringan (softdrink).

Nek jajan neng njero iso langsung diombe soale wis dibayar neng kasir njero, nanging neng bungkus jajane ditempeli stiker "PAID" sing artine wis dibayar dadi gak bakal dietung maneh karo kasir sing njaba.

Terus tempelane mau diwaca karo anakku, trus dheweke ngomong , "Buk, aku gak gelem ngombe".

Aku mendelik, pikirku wong njaluk jajan sing milih anakku dhewe kok gak gelem ngombe. Trus aku gomong, "Lha kenapa Nduk ?"

Trus anakku njawab, "aku kan pingin minuman sing manis Buk, kenapa minuman paid kok didol neng kene ?"
------------------------------------------------------
Pak Barto dan Kudanya:
Akisah disuatu negara "bakal hancur". Terjadi penguasaan yang telah memakan waktu 23 tahun. Di masa emasnya si barto melakukan jogging atau lari pagi
seperti biasa.

Pada pagi yang cerah ini di jogging sendiri tanpa ditemani si istri. Si barto lari mengelilinggi tamannya yang indah bagaikan surga.

Si barto lari terus dan pada akhirnya dia kecapaian. Si barto akhirnya duduk di pinggir kolamnnya yang ada patung kuda jantan.dan terjadilah secuplik pembicaraan.

Kuda : "To..barto...."

Barto : "???????...." dalam hati ia berbicara (siapa nih yang manggil kok berani amat lagian juga disini nggak ada orang ???)

Kuda : "To..aku ndek kene, mlengak'o nduwur."

Barto : "Ooooo....kowe to..opo'o kok nyeluk aku ?"

Kuda : "Gak, aku cuma pingin njaluk tok."

Barto : "Njaluk opo?"

Kuda : "Tolong po'o to aku mene gowokno jaran sing ijik enom, tak kongkon ngantekno aku soale aku wes tuwo,wes gak kuat maneh ngadek ndek kene terus."

Barto : "Ooooo..iyo mrene tak gowokno."

Keesokannya barto dan istrinya jogging, lagi-lagi setelah barto dan istrinya capek mereka berdua duduk di pinggiran kolam yang ada patung kudanya itu.

Tapi si barto ternyata lupa dengan janjinya yang akan membawakan kuda pengganti. Maka si kuda ngedumel di sela-sela si barto berbicara dengan istrinya.

Kuda : "weiiiii!!!!....to....to... dikongkon nggowokno jaran yo nggowo babi."
------------------------------------------------------
Manuke Wong Arab:
Ono lomba sing di adakno karo wong indonesia yoiku dowo-dowoan manuke pesertae sing wis paling dowo kari mung papat.

Nomor 4 manuke dowoe 40cm (teko Indonesia)
Nomor 3 manuke kene di gawe dasian di buletno nang gulune
Nomor 2 manuke dowoe sampek teko sikile, maksute sikile kancane (kenek kanggo nyapu jarene)
Nomor 1 kenek wong Arab deweke gak iso teko nang Indonesia amergo ape di sunatno, nah wong Arab mau mung iso ngirim surat di talekno nang manuke sampe teko Indonesia.(bayangno ae ngirim surat teko Arab sampe Indonesia trimo mung di talekno nang barange ndahneo dowoe. Opo gak yo wong wedok di sunduki kabeh).
------------------------------------------------------Terjemahan Lagu Boso Jowo:
All out of love (Air Supply):
Katresnan kebablasan

Goodbye (Air Supply):
Minggat

Lost in love (Air Supply):
Wes ora tresno

Making love out of nothing at all (Air Supply):
Gelo (jebule ora dibayar)

Grease (Bee Gees) :
Kinclong

How deep is your love (Bee Gees):
Duwekmu kok jero 'men

I started a joke (Bee Gees):
Wiwit ndagel

In the morning (Bee Gees):
Isuk utuk2

Saturday night fever (Bee Gees):
Meriang ning nekat ngapel

Summertime (jazz) :
Loro Panas

Stayin' alive (Bee Gees) :
Ora iso mati

Words (Bee Gees) :
Nggedebus

More than words (Extreme) :
Nggedebus pol

Highway star (Deep Purple) :
Jago trek-trek'an

Smoke on the water (Deep Purple) :
Umob (album 'Nggodog Wedang')

Soldier of fortune (Deep Purple) :
Prajurit raiso mati

Mama (Genesis) :
Mak'e

Another day in paradise (Phill Collins) :
Suk'mben ing swargo

Againts all odds (Phill Collins):
Ongko Ganep

All night long (Lionel Richie) :
Lek-lek'an(ngebyar)

Still (Lionel Richie) :
Isih (durung entek)

Stuck on you (Lionel Richie) :
Kecanthol

Truly (Lionel Richie) :
Tenan'e

Frozen (Madonna) :
Njendel

Like a virgin (Madonna) :
Ketok'e perawan

Don't cry for me, Argentina (Madonna) :
Ojo nangis, Sragen

Billy Jean (Michael Jackson) :
Tuku clono Levis

Black & white (Michael Jackson) :
Sebrangan dalan

Killing me softly (Roberta Flack) :
Di-ithik-ithik sak-modar'e

Release me (Engelbert Humperdinck) :
Cul'na aku

My way (Frank Sinatra) :
Sak-karepku

I don't like to sleep alone (Paul Anka) :
Kelon-ana aku

Fragile (Sting) :
Bentet

Hands clean (Alanis Morissette) :
Bar Wisuh

Believe (Cher) :
Percoyo

I still believe (Brenda K Star) :
Ngengkelan

Shy guy (Diana King) :
Clingus

Wild woman (Michael Learns to Rock) :
Morotuwo

Torn (Natallie Imbruglia) :
Suwek / dedel duel

Don't speak (No Doubt) :
Meneng'a wae

La copa de la via (Ricky Martin) :
Ayo bal-balan

Something stupid (R William & Nicole Kidman):
nggobloki

Kiss me (Sixpence None The Richer) :
Kismis

Viva forever (Spice Girls) :
Ketagihan wedak Viva

Uptown girl (Westlife) :
Wong wedok nggunung

Don't stop me now (Queen) :
Ojo Nggandoli

Bohemian rhapsody (Queen) :
Bu Hemi nge'Rap'

We will rock you (Queen) :
Balang2an watu

Always (Bon Jovi) :
Mesti ngono

Bed of roses (Bon Jovi) :
Peti mati

Alone (Heart) :
Ijen (album 'Kendel tenan')

Self control (Laura Branigan):
Poso

Warrior (Pat Benatar) :
Sepatu basket

The temple of the king (Rainbow) :
Candi

Sailing (Rod Stewart) :
Iseh Eling (ora edan)

Jump (Van Halen) :
Njondil (album 'Kaget')

Almost unreal (Roxette) :
Ora umum

Black magic woman (Santana) :
Mak Lampir

Smooth (Santana) :
Lunyu (album 'Kepleset')

Always somewhere (Scorpion) :
Mblayang wae

Still loving you (Scorpion) :
Ra duwe isin

So young (The Corrs) :
Bocah SD

After all (Al Jarreau) :
Entek2an

Forever young (Alphaville) :
Awet enom

Woman in love (Barbra Streisand) :
Suminten edan

Mandy (Barry Manilow) :
Adus

Suddenly (Billy Ocean) :
Mak-jegagik / uJUG uJUG

If (Bread) :
Yen

My heart will go on (Celine Dion) :
Loro hepatitis

The prayer (Andrea Bocelli & Celine Dion) :
Mbah Modin

I've never been to me (Charlene) :
Ora pernah kenal Tomi

Hard to say I'm sorry (Chicago) :
Kisinan

Zombie (Cranberries) :
Gendruwo

Boulevard (Dan Byrd) :
Dalan gede

Lady Valentine (David Gates) :
Putri Solo

Emotion (Destiny's Child) :
Muntab

If we hold on together (Diana Ross) :
Yen Gegandengan tangan

It's you (Dionne W & Stevie W) :
Jebul sliramu

Hotel California (Eagles) :
Losmen Kali Pepe

Big big world (Emilia) :
Donya'ne gedhe banget

In your eyes (George Benson) :
Blobok

Careless whisper (George Michael) :
Seneng rasan2

All I am (Heatwave) :
Serakah

I don't have the heart (James Ingram) :
Rempela thok

Just once (James Ingram) :
Sepisan wae

Beautiful girl (Jose Mari Chan) :
Cah ayu

To all the girls I loved before (Julio Iglesias) :
Kanggo randha-randhaku

Dust in the wind (Kansas) :
Lesus nggawa bledug

Pretty boy (M2M) :
Banci

Smile again (Manhatan Transfer) :
Ayo ngguyu (Waljinah)

Paint my love (Michael Learns to Rock) :
Nge-cet omahe pacar

I'll be here waiting for you (Richard Marx) :
Dak-cegat nyang kene

Become 1 (Spice Girls) :
Ilang siji

Babe (Styx) :
Maratuwa (Betawi)

Mermaid (Tatsuro Yamashita) :
Iwak ayu

Lea (Toto) :
Liyo (ora podo)

Just the way you are (Billy Joel) :
Sak-karepmu

Smoke gets in your eyes (jazz) :
Kakehan ngrokok

Long train running (Doobie W) :
Kepancal Sepur

All blues (George Benson) :
Kelunturan (biru kabeh)

O Danny boy (tradisional Irlandia) :
Jebul'e anake Dani!

Blueberry hill (Louis Armstrong):
Gunung Pare

Another clown (Leon) :
wong DPR
------------------------------------------------------
Kelangan Anak Mergo Nganggo Kontrasepsi:
Critane iki darmaji duwe anak sepuluh, pancen yo darmaji asal e ndeso, ora tau mangan bangku sekolah (gendeng be'e bangku dipangan !!), Darmaji karo bojo ne surpa'ah ora tau nggawe alat kontrasepsi...! Saben ngono yo mesti kebobolan. Dasar yo Darmaji, ndelok bojone njenthit, mulet, angop, nyapu, ngepel, langsung napsu ne nglunjak... Ghandule njaluk dicelupno nang iku ne Surpa'ah. Ga sadar be'e lek anak e wis limo...!!

Akhire darmaji konsultasi nang dokter Sukardi, tonggone dewe..!! Darmaji ngomong nang dokter "Pak dokter, kulo niki duwe anak limo, tapi kulo ndelok bojo kulo njenthit mulet, angop, nyapu, ngepel, mesti napsu kulo nglunjak, pingin numpaki bojo kulo! Lha tapi pak dokter, nanging kulo mantun numpaki bojo kulo, bojo kulo mesti meteng, lha piye iki dokter ?"

Doktere ngomong "Lha sampeyan iki ora nggawe alat kontrasepsi tah?"

Darmaji ngomong "Opo dok? Kontakseksi? Opo iku aku gak eroh dok ?"

Moro dokter ngomong "KONTRASEPSI GOBLOK!! Iku semacam alat ngango cek bojone sampeyan ora meteng, koyo iki lho (dokter e ngetokno KONDOM)"

Jarene darmaji "Wah, iyo tah dok, tak cobak e dhisik, piro biyayane dok ?",

Dokter e nyauti "Wis kondom e ae sampeyan tebus, rongpuluh ewu wae! rong minggu maneh sampeyan mreneo maneh yo, aku pingin ngecek sampeyan!"

"Oye, dok!" jarene darmaji.

Bareng selang rong minggu darmaji teko nang dokter sukardi.

"Wuaah dok pancen manjur jarene sampeyan! anak kulo saiki kari siji?" jarene darmaji.

Doktere kaget. Terus ngomong "Lho anak e sampeyan koq iso kari siji? yo opo ceritane?"

"Ngene critane dokter, winginane pas marine dokter maringi kulo kondol"

Jarene dokter e "kondom goblok !"

Jarene darmaji "Oh iyo... kondom! Lha maringono kulo ten dalem, langsung nganclap bojo kulo supa'ah, langsung kulo tumpaki, lha... Mari numpaki bojo kulo niku, kula langsung dahar kaliyan anak kulo sing nomer loro, telu, papat kaliyan limo... Lha sing nomer siji ora ono ndek omah...anak kulo sing nomer siji tasik sekolah. Pas mari dahar, kondom niku kulo pangan kalian ngombe teh. Nah... selang limang menit weteng kulo mules kebelet ngeseng. Pas arep mlebu jheding, celono kaliyan sempak kulo, kulo plorotno. Durung sampe mlebu jheding kulo ngentut. Lha pas ngentut, kondom niku wau metu, terus mlembung guueedhe sampe pecah..dhaar..!! Nah papat-papate anak kulo wau mrisani kejadian mau, ngguyu-ngguyu kekel karo nyekeli weteng sampe nangis-nangis karo ga kuat ambekan. Sampek-sampek kepapat-papate anak kulo wau mati!!"
------------------------------------------------------
Kewan Opo:
Paijo karo Tukinem bede-bedean,

Paijo : "Nem, kewan opo sing endase koyo ulo, sikile koyo sikile gajah, awake koyo awae ayam tangane koyo tangane bajul?"
Tukinem : "Kewan opo yo.....kewan ...gak eroh wis nyerah..."
Paijo : "Yo gak ono kewan koyo ngono iku nem, ngono kok dipikirno"
Tukinem : "Wah, raimu cak...cak"
------------------------------------------------------
Untung Ora Nganggo Kathok:
Pas dina minggu rina adikku dikongkon ibu ngunduh klopo kanggo ngawe kolak, kuwi biasa wong pancen bocahe tomboy jee...

Ngene undangaane ibu,
"Rin, aku undhuhno klopo kanggo kolak mengko."
"Yooo bu mariki," jawape rina.

Sedhelo engkas rina menyang buri saperlu menek wit klopo, bareng tekan nduwur deweke njeblokke klopo siji-siji{blak -bluk ] swarane. Gaekagete bocah lanang-lanang ing ngisore sing lagi jagongan. Banjur cah lanang-lanang moro kanti ndangak, trus rina nakoni,

"Hee, kowe gelem klopo ta? opo degan?"

Cah lanang-lanang ora jawab, tapi tetep ndagaak karo koyok nggumun ngono. Terus rina malah bingung lan mudhun mlebu omah karo takon ibune,

"Bu, cah lanang- lanang mau nang ngisorku lapo yoo, wong tak twani klopo emoh, tak tawani degan yo emoh, tapi tetep nang ngisor karo ndangak ngono?"

"O,pancenkowe cah bodho ngono kuwi nginceng kathokmu, ndhuk-ndhuk!" jawab ibuke.

Kanti roso seneng lan bungah tenan rina ngomong marang ibune,
"Oalah yoo SELAMET TENAN, BU AKU MAU LALI ORA KATHOKAN NGONO...!"

Ibune dadi tolah toleh,

"????????"
------------------------------------------------------
Takon Umur:
Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.

Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.
Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.

Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.
"Ning, ayo bedhe'en piro umurku ?" takok Mat Penceng ambek mesam-mesem.
"Paling sik selawe . . ." jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
"Salah Ning, umurku sakjane wis 45" jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.

Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe'i maneh nang arek-arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun. Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45 gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.

Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng. Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe'i umure, tapi gak onok sing bener.

Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald. Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.
"Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe'en piro se umurku?" jare Mat Penceng.
"Kiro-kiro 27 mas" jare pelayane.
"Salah mbak, umurku 45" jare Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.

Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek nenek-nenek arep mlebu montor.
Mergo durung tau mbedhe'i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
"Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe'i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?" jare Mat Penceng.
"Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu." jare simbah mau.
"Iyo tah, piro se umurku?" takok Mat Penceng penasaran.
"Wah tapi onok sarate" jare simbah mau.
"Opo sarate mbah ?" Mat Penceng tambah penasaran.
"Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran. Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu." jare simbah iku mau.

Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih. Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate. Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.
"Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng. Ayo cepetan bedhe'en umurku piro selak satpame teko !!" jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.

Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,"Le, aku weruh umurmu iku saiki 45".
Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.
"Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?" takok Mat Penceng gak sabar.
"Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . ."
------------------------------------------------------
Asal muasale wong jowo ngarani pohong (singkong):
Pas jaman jepang pertama mlebu Indonesia, tentara Jepang patroli keliling Suroboyo. Trus tentara jepang mau ndelok akeh wong ngobong kayu ambek mangan-mangan.

Wong-wong ditakoni ambek tentara jepang:

"Kalian sedang apa?"
Jare wong suroboyo : "Kami sedang makan-makan tuan!"
Trus jepange takon maneh: "Makan apa?"

Wong suroboyo njawab: "Ketela pohon tuan!"

Jepange nyahuti: "Ha, ketela pohong !"

Marine kedadean iku, wong-wong ngarani ketela pohon iku POHONG.
------------------------------------------------------
Jawa Jepang:
Kisah ini terjadi didaerah Purwokerto dimana bahasa Jawa disana menggunakan bahasa Jawa dengan dialek tertentu... banyumasan...
A : "Kamu bisa bahasa Jepang?"
B : "Bisa dong"
A : "Bagero artinya apa ... ??"
B : "Bagi loro"
A : "Kombangwa"
B : "Kompal kampil barange dawa..."
A : "Soredewa"
B : "Ngisore gede dawa..."
------------------------------------------------------
Cirine wong seko entute:
o Wong sing ORA JUJUR
Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
o Wong GOBLOG
Wong sing ngempet ngentut sampai jam-2-an.
o Wong sing JEMBAR WAWASAN'E
Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.
o Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
o Wong sing MISTERIUS
Wong sing nek ngentut wong liyo ora ono sing ngerti.
o Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-2 nyetop entute nek pas lagi ngentut.
o Wong sing PERCOYO DIRI (PD)
Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune mesti wangi.
o Wong sing KEJEM (SADIS)
Wong sing nek ngentut terus dikibasno nang koncone.
o Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut terus ke'isinan dhewe.
o Wong sing STRATEGIS
Wong sing nek ngentut ning ngarep'e wong lio iso nylamurke entut'e nganti wong lio ora kepikiran maneh.
o Wong sing BODHO
Wong sing nek bar ngentut terus ambegan njero-2 dienggo ngganti entute sing metu.
o Wong sing GEMI
Wong sing nek ngentut metune diatur sethithik-2.
o Wong sing SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute dhewe.
o Wong sing RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.
o Wong sing ORA RAMAH
Wong sing nek ngentut malah mendhelik lan ngamuk-2.
o Wong sing KE-KANAK-2-AN
Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben iso ngematno munine blekuthuk-2.
o Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo ngeden.
o Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek awak'e bar ngentut.
o Wong PINTER
Wong sing iso niteni ambune entut wong lione.
o Wong SIAL
Wong sing dientuti terus karo wong lio.
o Wong sing KURANG KONTROL DIRI
Wong sing nek ngentut mesthi katutan ampase.
o Wong sing ORA IKHLAS
Nggak mambu entute dewe wong liya sing mambu muring- 2.
o Wong sing GEMI
Wong sing menowo ngentut metune swara entut di-endat-2 dadi ping 7.
o Wong sing SOK AMAL
Wong sing menowo ngentut metune dibrolno sak ampase.
o Wong RA NGGENAH
Angger ngentut silite ditempeli terompet ben samsaya banter swarane.
o Wong RA UMUM
Yen ngentut dilagokake.
o Wong PENSIUNAN PRAJURIT
Yen ngentut di-penggak-2 kareben swarane kadya unining bedil.
o Wong RA SABARAN
Wis ngueden methuthut ra muni entute malah bole sing metu.
o Wong SOLO / YOGYA (mohon maaf untuk yang sering ke Solo !)
Entute aluun banget dawa lan sajak ndandang gulo.
o Wong RADUWE GAWEAN
Ndiskusekake soal entut (kayata sing maca).
Tambahan :
Wong GENDHENG : Wong sing ngamati ciri-2-ne wong liya saka carane ngentut !
------------------------------------------------------
Chairil Anwar: Aku:
Dino Seloso Kliwon, sak njeroning kelas Bu Ani lagi mucal bahasa Indonesia giliran mbahas Puisi Chairil Anwar berjudul "Aku."

Terus Bu Guru Ani ngongkon 3 muride membaca puisi secara bergiliran tanpo teks. Giliran Tini kon maju .... lancar membawakan puisi "Aku." Terus Tono ugo ngono ... lancar.

Giliran murid anyar seko nggunung durung lancar membawakan boso Indonesia. Kanti ngowel Paino maju terus ndangak :

"Aku... Aku... mbuh ora ngerti... pokoke Aku anake simbok karo bapak" (terus mundur kanti ndodok mergo ngompol !?)
------------------------------------------------------
Undangan:
Nuwun wiyosipun kulo ngaturi pirso mbok bilih mboten wonten halangan mbenjing dinten Seloso Kliwon malem Rebo Legi wulan Bakdo wanci magrib kulo bade gadah damel islamaken utawi nyunataken utawi mbucal kulup bapakipun tole yuswo kinten-2 lahir jaman Jepang; kulo nyuwun ngapunten ingkang ageng margi panjenengan mboten pareng nginjen; dene mbok bilih tukang jagal utawi dokter ingkang nyunat mboten saged motol kulupipun kepekso kito sedoyo pados tukang graji kayu.
Semanten rumiyin undangan kito mbok bilih wonten lepat kulo nyuwun sewu nembah suwun. Saking kulo Dulgento Tumut mahargya rawuh penjenengan Ir. Maerokoco Diplom. Ing. MLML.
------------------------------------------------------
Cukimai:
Sepur klutuk Tirtonadi jurusan Wonogiri - Jakarta lagi wae ninggalke kuto Wonogiri. Gunung Gandul isih ketoro wah sedih banget Paino ninggalake deso kecamatan Pracimantoro daerah kering sering paceklik, kurang mangan lan penduduke miskin banget.

Neng sepur Paino ketemu gadis lencir kuning Pingkan asal Manado. Dasar Paino cah ndeso durung kenal karo Gadis Manado pura-2 sok akrab. Karo kipas-2 nganggo kipas nyam-2-an Pingkan ngeluh :

"Cukimai, panas sekali hari ini .... mau kemarau kali ya ?"
Dasar si Paino sok tahu melu-2 nimbrung karo kipasan koran : "Saya juga cukimai... bener mau kemarau !" omonge kalem karo mesem.

(Cukimai: semacam pisuhan koyo istilah jancuk)
------------------------------------------------------
Jeneng:
Sepur lagi wae metu soko setasiun Balapan Painem karo Paijem sedulur loro dadi babu neng Jakarta neng omahe babah Hong.

"Timbang ngantuk ayo main cangkriman (tebak-2-an) yuk"
"Ayo ... siapa takut " tuture Paijem
"Yen bojone Pak Seno....wong Yogyakarto ngomonge piye ?"
"Yo mesti wae jeng Seno"
"Yen garwane Pak Budi ?"
"Pasti..... jeng Budi"
"Yen .... bojone Pak Ngatno"
"wis genah ...... JENGATNO ..."
------------------------------------------------------
Tarsan:
Sawijining sore bocah loro Sarino karo Sarimin, bocah asal deso Ngadirojo - Wonogiri podo dolanan : Sarino : " Min ... min reneo " Sarimin :

"Auooooooo ... !!!"
Sarino takon meneh : "Min .... min .... reneo min"
Sarimin : "Auoooooooo........!!"
Lho bocah ki ono opo, kok nganeh - anehi ?! Sarino takon sepisan meneh : "Min .... min .... reneo .... mim"
Sarimin : "Bocah ki ndendeng .... aku khan wis ganti jeneng .... jenengku .... TARSAN !"
------------------------------------------------------
Rambut Ijo:
Si Karto karo si Usro mulih sekolah main cangkriman :

Karto : "Rambut putih jenenge opo ?"
Usro : "Yo mesti wae uwan, nek rambut abang jenenge opo ?"
Karto : "Wis pasti jenenge pirang."
Usro : "Nek rambut ijo jenenge opo hayoo ?"
Karto : " Rambut ijo jenenge rambutan sing durung mateng. "
------------------------------------------------------
Salah Tompo:
Si Samiun mulih-2 nangis embuh ono opo. Bocah kelas papat SD. kuwi banjur ditakoni karo embokne

"Miun keno opo kowe kok nangis ? Opo luwe durung mangan ?"
"Mboten bu kulo lak nembe ngeterke roti teng daleme pak Ngatno lah kulo malah dijewer kalih pak Ngatno."
"Lah keno opo kowe dijewer ?"
"Anu bu kulo lak ketok-2 lawang kalih mungel ngaten : Jeng Ngatno... Jeng Ngatno... !!"
------------------------------------------------------
Dokter Gigi:
Pak Tarto dokter gigi kondang soko desa Tjutuk Manuk Randublatung wis kaloko dadi dokter gigi sing mumpuni. Loro untu opo wae pasti cespleng, untu krowok, untu pecah, untu gapuk, untu berlubang pasti mari. Isuk kuwi ketamon pak Kuntjung sing rambute koyo Ronaldo pemain bal soko Brasil sing juara bal-2-an sak donyo.

"Kulo nuwun pak dokter untu ..... eeehh dokter gigi."
"Monggo pak Kuntjung ... kulo aturi lenggah rumiyin"

Sak wise sak untoro wektu pak dokter metu karo nggowo uborampe.
"Sakit menopo pak ?" Takonne dokter Tarto

"Niki lho pak dokter ... untu kulo niki sedut senut penjenengan tingali rumiyin."

Sakwise diprikso doktere ngomong "Lah niki kedah dicabut pak"

"Pinten pak ongkose ?" Takon pak Kuntjung nggenahke

"Anu pak ... niki kenging arto go jing."
"Go jing niku pinten ?"
"Go jing ... niku gangsal ewu pak."
" Ngaten pak .... uwun sewu ... kulo gadah arto namung kalih ewu; ingkang tigang ewu kulo sukani kalih mendo (wedus) kulo, dene mendo kulo reginipun satus seket ewu, mbenjing wulan ngajeng wedus kulo ingkang meteng meniko medal cempe nipun, pramilo kulo aturi ngetung rumiyin menggah saenipun dados pak dokter gadah utang dateng kulo satus patang puluh pitu ewu."
"Ngaten pak Kuntjung .... saenipun untu ingkang ngandap kulo cabut gangsal, dene ingkang nginggil kulo cabut sedoyo, dene sisanipun bade kulo cabut ngenjing, dados impas bapak mboten utang kulo mboten utang"

Pak Kuntjung nesu, rai bang ma-wingo-2 kuping megar, cangkem ngiler

"Lhadalah pak dokter kurang ajar, mosok kulo ompong ngaten mendingan ora duwe wedus, katimbang mung iso ngemut thok."
------------------------------------------------------
Jepang Kacau:
Alek: "Alikato..."
Yanto: "Alikato juga"
Alek: "Wes mari computere"
Yanto: "Wes ta gorong"
Alek: "gak ero aku"
------------------------------------------------------
Ndlahom Gak Iso Renang:
Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu.
Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan, waduh sempel wong iki pikire.

Seko pinggir embong Muntiyadi mbengoki bojone.

"Ooooiii !!! Laopo kon ndhik kono dik" jare Muntiyadi ambek bengok-bengok.

"Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak perahu nang tengah segoro" jare Romlah.

"Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom, wong kelakuanmu pancene koyok ngono. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare Muntiyadi emosi.

"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek iwak " jare Romlah.

"Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi muntap.

"Gak gelem!! " jare Romlah.

"Tak gibheng lho yo !!!" jare Muntiyadi.

"Rinio lho lek wani !!" jare Romlah.

"Oo... saking ae aku gak isok renang"
------------------------------------------------------
Sayang Anak:
Muntiyadi oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM.
Repote, anake Muntiyadi sing jenenge Tole umure sik sepuluh taun gak gelem
ditinggal njaluk melok.
Mergo sayang anak, akhire Tole dijak pisan, mari mulih sekolah langsung
melok numpak pesawat.
Nang pesawat wis onok koncone Muntiyadi jenenge Togog ambek Gempil.

Pas nang awang-awang, dhadhak mesin pesawate mbrebhet terus mati.
Wong papat iku mau mulai pucet kepoyoh-poyoh royokan parasut.
Lha masalae parasute iku mek telu, padahal wonge onok papat termasuk Tole
anake Muntiyadi.

Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut parasut terus terjun metu pesawat.
Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut parasut terus terjun pisan.

Muntiyadi terus rundingan ambek anake, sopo sing kudhu ngalah soale parasute
kari sithok.

"Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa depanmu sik dhowo. Bapak mek
titip salam gawe mbokmu yo Le."

"Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili, ngisin-ngisini markas besar ae.
Iki lho parasute sik onok loro. " jare Tole.

"Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog ambek Gempil ?" Muntiyadi heran.

"Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."
------------------------------------------------------
Nyelundupke Barang Liwat Pelabuhan:
Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore.
Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepeda gunung metu seko pelabuhan.
Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing guedhe loro kiwo tengen.
Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok sampek kampes.
Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir thok. Gak onok nakobar blas.

"Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
"Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak." jare Togog.
"Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?" takok Muntiyadi.
"Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir iki." jare Togog maneh.

Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne diperikso, akhire Togog diculno.
Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh.
Mergo sik curiga, Togog diperikso maneh koyok wingi.
Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing cumak pasir thok, Togog terus diculno maneh.
Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen merikso Togog.
Dhadhi lek pethuk ben isuk mek manthuk thok, laopo diperikso maneh wong mek pasir.

Selama telung taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepedaan.
Arek loro iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang Togog ditraktir ngopi lek isuk.

Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak tau pethuk ambek Togog maneh.
Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran, dhadhak pethuk Togog maneh.
Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar.
Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir.
Ambek mangan, arek loro iku ngobrol.

"Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku yakin sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene.
Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki aku wis gak jogo nang kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi sakjane awakmu iku nyelundupno opo?." takok Muntiyadi penasaran.

"Sepeda . . ."
------------------------------------------------------
Sepuluh Ewu:
Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter Bunali.

"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso." takok
dokter Bunali.

"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 75.
Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten
anyar ?" takok Wonokairun ambek isin-isin.

"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.

"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku
diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang
kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo." Jare
Wonokairun.

Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok
ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti, mari
jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni
jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau
pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.

Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.

Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.

Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
"Yok opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.

Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. "Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."

"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.

"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down." Bunali mulai purik.

"Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu ."
------------------------------------------------------
Mantan Supir:
Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi.
Timbangane sepi, Muntiyadi njawil supir taksine kate ngejak ngobrol.
Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget setengah mati.
Saking kuagete, sikile langsung mancal gas, montore langsung mencelat katene nyosop warung.
Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak sidho nubruk.

Muntiyadi ambek supire podho pucete gak isok ambekan.
Pas wis tenang, Muntiyadi njaluk sepuro ambek takon nang supire opoko dijawil ae kok kuaget.

Jare supire "Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan."

Muntiyadi bingung "Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek kagetan koyok ngene ?"

"Aku mbiyen yo nyupir pisan" jare supir taksine.

"Supir praoto tah ?" takok Muntiyadi.

"Supir montor jenasah . ."
------------------------------------------------------
Sayembara Juragan Tambak:
Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor."
jare Sablah.

Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur
nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak
panunggalane.

Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone
guedhe-guedhe mangap kabeh.

Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah
sak isine.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh,
moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.

Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.

Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah.

"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene" jare Muntiyadi.
------------------------------------------------------
Sales Promotion Girl:
Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun.

"Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.

"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Wonokairun.

"Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke.

"Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare Wonokairun.

"Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke maneh.

"Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk.." jare Wonokairun ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu.

Mari ngono tamune ditinggal ngetren dhoro. Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sing lungguh nang ruang tamu. Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.

"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku.

"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Wonokairun.

"Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku maneh.

"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih."
------------------------------------------------------
Ketinggalan Sepur:
Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron.
Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji Imron.
"Pak .....duwek rong juta iki dikekno sopo" ? Takok sutaji.
"nggone Pak Bunali ndek Semarang" jare Pak kaji
"sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur" jare sutaji maneh
"Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion sepur"
jare Pak Kaji.

Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang.
"Sepure sek suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan desek rek" jare sutaji
Akhire wong telu mau ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi.
Saking asyike guyon wong telu mau gak ngerti lek sepure kate budal

Pas suorone sepur muni banter teett...tetttt ... arek telu mau kuaget
Mari mbayar kopi arek telu terus mblayu nututi sepur
Gempil karo sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok mencolot mlebu nang
sepur
Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan

Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ...
Wong sing ndelok ..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono
sing ngiro arek gendeng
Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking sedihe
terus dilampiasno ngguyu
"hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo' o? jare
satpame

Sing kate lungo iku sakjane aku .... Sing numpak sepur kok malah sing
ngeterno aku ...
------------------------------------------------------
Wanita Besi:
Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene lapuran.
"Waduh Pak Pulisi, aku sik tas ae dinunuti Margaret Tatcher " jare Sutaji.

"Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran . " jare pulisine gak percoyo.

"Saestu Pak, asli aku gak mbujuk ". jare Sutaji.

"Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon. Sampeyan pethuk Margaret iku nang
ndhi ?" takok pulisine.

"Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang arep mlebu tol Waru,
moro-moro onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut.
Bareng wis munggah, aku kuaget tibake wong bule iku Margaret Tatcher. " jare
Sutaji.

"Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret Tatcher ?" takok Polisine.

"Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe'e iku titip njaluk tukokno Mesran
Super, jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno mripate, jarene mripate perih
" jare Sutaji.

"Opoko ceritone kok dhe'e sampek isok nunut awakmu ?" takok pulisine maneh.

"Ceritone iku, dhe'e lagi melancong nang Suroboyo, lha pas sampek Demak
dhadhak moro-moro dhe'e diuber-uber wong akeh, onok tukang rombeng, onok
juragan besitua. Kabeh iku nggowok timbangan dhewe-dhewe kepingin ngiloni
dhe'e. Mergo wedhi, akhire dhe'e mlayu mbalik nang hotel. Pas arep tekan
hotel, dhadhak dhe'e pethuk ambek wong Timbang Badan. Begitu ndhelok
timbangan, Margaret tambah pucet kewedhen, terus mlayu maneh sampek akhire
pethukan ambek aku njaluk nunut. Pas tak takoni arep nang endhi, jarene
sembarang pokoke sing aman. Akhire yo tak jak ngirim barang. Lha saiki iku
aku arep lapuran ndhik sampeyan lek Margaret iku ngilang maneh. Aku wedhi
lek disalahno." jare Sutaji.

"Lho kapan dhe'e ngilang maneh ? " takok pulisine.

"Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang "
------------------------------------------------------
Kepiting Digiring:
Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak" jare Muntiyadi.
"Lho gak numpak bronpit tah ?" takok Romlah.
"Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare Muntiyadi.

Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.
Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?" takok Sablah.
"Kate nglencer golek angin . ." jare Muntiyadi.
"Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae" jare Sablah ngalem.

Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam
Ndhik kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo ." jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek.

Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol, kepitinge buyar kabeh.
Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok "Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki "

Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring.
"Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . ."
------------------------------------------------------
Nyumet Mercon:
Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus.
Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho
sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange.
Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele.

Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo melok
nyemprot kobongan ambek mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir.

Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.

"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone tak
sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok.
Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto" jare Kentus.

"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok,
mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep
rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.

"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok guwung
kabeh ?" takok Kentir maneh.

"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek pacaran liwat"

"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng ambek
sing lanang " jare Kentir kemeruh.

"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.

"Opoko lho . .?" takok Kentir.

"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."
------------------------------------------------------
Numpak Taksi:
Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi.
Embong wis suepi, gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok.
Muntiyadi malih merinding disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire.

Mari mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine njaluk diterno mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules.

Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah alon.
Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati kuburan.

Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh-puyuh "Tolong !!. . .tolong !!".

Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok.

Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
"Hee cak . .ojok turu ae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."
------------------------------------------------------
Bajak Laut:
Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane
sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras.
Sing luwih nemen maneh, motone gempil kari sing kiwo. Moto sing tengen
wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.

"Lho Mun, sikilmu opoko ? " takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.

"Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Muntiyadi genti takok nang Gempil .

"Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul. Pas
iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku
dhadhi mek sithok".

"Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke beras ?"
takok Muntiyadi maneh.

"Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak. Moro-moro barakku
dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel.
Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku gelem. "
jarene Gempil maneh.

"Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ? Kelilipen
granat tah ?" takok Muntiyadi maneh.

"Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku
mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ". jare Gempil.

"Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok
motone cumplung". Muntiyadi mulai gak percoyo.

"Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare Gempil.

"Lho opoko ?" takok Muntiyadi.

"Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras".
------------------------------------------------------
Angon Wedhus:
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."
------------------------------------------------------
Nostalgia:
Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak bronpit.

Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang tau kepungkur pas pacaran biyen ?" jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.

Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku.
Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh.
Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.

"Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. ."
------------------------------------------------------
Wedhi karo bojo:
Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah.
Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.

Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris.
Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.

Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone.
Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.

Pas komandan ngecek barisan.
Barisan sing pertama akeh pol…
Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi

Komandanne takok nang muntiyadi :

Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.
“Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi.
------------------------------------------------------
Air Susu Ibu:
Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek.
Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.

Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?"

"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.

"Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, " jare doktere.

Yuk Jah nurut, klambine dibukak.
Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.

Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."

Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".

"Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.

"Aku iki ewange . ."
------------------------------------------------------
Drakula:
Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir
Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.

Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?".

"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare Kentir.

Mari ngono arek loro iku miber bareng. Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane
bangunan.

"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok Kentir.

"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ," jare kentus.

"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.

"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.

"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.
------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

------------------------------------------------------

Tidak ada komentar:

Posting Komentar